JOURNALISTIK SPENSA WONOGIRI
Thursday, December 17, 2009
Solopos Edisi Kamis, 10 Desember 2009
Ngangsu kawruh, laku lair lan batin
Ing Serat Wulangreh ana wulangan kang kurang luwih werdine mangkene, yen pengin meguru pilihen manungsa sejati, sing luhur bebudene, luhur martabate, sing dhamang marang ukum agama, sing ngibadah lan kebak rasa sih.
Udinen wong kang utama, wong sing wus mungkul lan mungkur, yakuwi wong sing saleh lan ora ngarep-arep pawehe liyan, tan mikir pawewehing liyan.
Yen wus nemu guru kang mangkono kudu urmat, manut lan pasrah. Jalaran guru kuwi kang bakal aweh pituduh dalan ing upaya nggayuh ngelmu lan nemokake kapribaden kang sejati. Guru kuwi kang bakal ndadekake siswa dadi manungsa kang sejati lan sampurna. Aja pisan-pisan kianat lan cidra marang guru, jalaran bakal kena bebendu lan dosa. Wong duraka mring guru abot sayekti, mula den prayitna.
”Hamula tumrap wong Jawa kuwi, sing aran meguru ya kudu temen-temen, waspada, awan lan bengi aja nganti kurang saka rasa sih. Ywa nganti suda sih ira. Ing jaman biyen, laku mangkene iki kawujud ing laku ngenger. Dene ing jaman saiki mbokmenawa kawujud ing laku ngulandara kanggo ngudi ngelmu, urip ndhekos, adoh saka bapa lan biyung,” pratelane Pangarsa Komite Museum Radyapustaka, Winarso Kalinggo, nalika wawangunem kalawan Espos, dina Jemuah (4/12), ngrembug ngangsu kawruh ing kabudayan Jawa.
Dene miturut KP Wirastodipuro, pamerdi budaya Jawa kang nate mangarsani Komite Basa Jawi Pusat Surakarta, nalika wawangunem kalawan Espos ing griyane, durung let suwe iki, ngangsu kawruh tumrap wong Jawa kuwi tebane amba banget. Jejering guru mono ora mung wates ing sekolahan, padhepokan, sanggar, pondhok pesantren, pawiyatan luhur lan sapiturute.
Sapa wae bisa didunungake minangka guru lamun bisa nuduhake dalan lan cara kanggo nggayuh sampurnaning urip lan utamaning kapribaden. Guru kuwi saksapaa sing bisa nglantarake manungsa nggayuh kahanan urip kang luwih apik. Yen saiki katelah ana pawiyatan formal lan pawiyatan informal, ana guru formal ana guru informal.
Jejering guru ing sawijining paguron utawa ing madyaning bebrayan agung, ateges nyakup guru formal lan informal, kuwi mujudake sumbering pituduh urip, pituduh dalan kamulyan lan dalan kautaman kanggo nggayuh kasampurnan.
Guru uga sinebut pamedhar warta, pendhidhik, panuntun, pangayom, panulung, pangarsa lan sapiturute. Saliyane kuwi, guru pinitaya duwe kapinunjulan ilmu lan ngelmu saengga duwe kuwasa karisma. Hamula guru uga sinebut bapa utawa rama. Kepara, guru kuwi mujudake Illahi sing ngejawantah.
Sing sinebut guru kuwi mau, embuh ing sekolahan, padhepokan, pawiyatan luhur, pondhok pesantren lan sapiturute, mung wates guru ing tata lair. Guru kang mangkene iki mung wates nuduhake dalan lan arah. Guru ora bisa ngrampungi perkara kamanungsan kanthi paripurna lan wutuh.
Siswa utawa murid dhewe sing kudu ngrampungi lan nemokake dhewe kang asipat sejati. Siswa utawa murid dhewe kang kudu nemokake guru sejati. Sawijining murid utawa siswa kang adreng ngudi ngelmu, manut marang pituduhe guru, kawengku ing laku ngangsu kawruh.
Tembung ngangsu ngemu werden kang ana gayutane kalawan sarana lan tumindak. Ngangsu mono mbutuhake sarana kanggo wadhah. Pepindhane wong ngangsu banyu, genah mbutuhake ember, kleting utawa piranti wadhah banyu liyane. Dene lakune yakuwi nuju marang sumbering banyu, bisa rupa sumur, belik, sendhang, kali, kedhung, bengawan lan sapiturute.
Lan sing aran ngangsu banyu kuwi kudu sethithik mbaka sethithik, jumbuh dayane sing ngangsu lan wadhah sing digunakakake. Lire, laku ngangsu kudu dijumbuhake sapa sing ngangsu lan piranti apa sing digunakakake kanggo ngangsu. Bocah cilik yen ngangsu ya cukup nggunakake ember cilik, kleting cilik utawa wadhah banyu liyane sing cilik ukurane.
Yen meksa nggunakake wadhah sing gedhe, kanthi pamrih dhimen ngangsune enggal rampung lan kabutuhan banyune enggal cukup, mesthi ora kuwagang nyembadani. Miturut KP Widiyato Sontodipuro utawa Wa Sonto, Presidium Pusat Lembaga Kabudayan Jawi (PLKJ) Surakarta, ora ana sumur nyedhaki siwur. Lumrahe ya siwur sing nyedhaki sumur.
Lire, wong ngangsu banyu mono kudu mara nyedhak sumbering banyu. Mangkono uga wong ngudi ilmu, ngangsu kawruh, kudu nyedhak marang guru minangka sumbering ilmu, sumbering kawruh.
Laku nyedhak marang guru kang sedyane kanggo ngangsu kawruh kuwi mbutuhake laku lair lan batin. Ing jaman biyen ana sing kanthi laku ngenger. Ing jaman saiki ana sing kanthi laku ngulandara, adoh saka bapa lan biyung, katambah pangurbanan prabeya kang ora sethithik. Sikep temen-temen anggone sinau dadi landhesan laku batin kanggo nggayuh ngelmu. ::Ichwan Prasetyo::
Title : Ngangsu kawruh, laku lair lan batin
Description : Solopos Edisi Kamis, 10 Desember 2009 Ngangsu kawruh, laku lair lan batin Ing Serat Wulangreh ana wulangan kang kurang luwih werdine man...
Rating : 5