JOURNALISTIK SPENSA WONOGIRI
Thursday, December 17, 2009
Tembung laku lan ngudi, gayutane kalawan ngangsu kawruh, yen ing jagad pewayangan luwih lumrah karan ngudi wahyu, ora bisa diwerdeni kanthi wantah utawa harfiah.
Kanthi mangkono, laku ing kene ateges rohaniah. Mangkono uga ngudi uga ing teges rohaniah, ora mung wates wadhag utawa wantah.
Miturut KGPAA Mangkunagara VII, saben lakon wayang mujudake pralambang laku mistik utawa patraping semadi. Gayutane kalawan ngangsu kawruh, laku ngudi wahyu kang sejati, utawa ngudi sang sejati kuwi asipat rohaniah. Sang sejati kuwi ora wujud wadhag utawa wantah, nanging asipat rohani.
Wong sing ngudi ngelmu, ngudi wahyu, ateges uga ngudi ngelmu sangkan paran. Awake ora obah, ora geseh saka papan dununge. Sing obah jiwane. Gegambarane ing lakon Bima ngudi tirta perwitasari ing samodra, utawa lakune Arjuna ngudi Wahyu Makutharama ing pucuk Gunung Suwelagiri.
Sangu sing utama kanggo ngudi ngelmu, kang uga kawengku ing pangerten ngudi wahyu, ngudi kasajaten, yakuwi santosaning batin, karep lan tekad. Dene pituduh kanggo nggayuh kuwi mau ana papat, yakuwi heneng, hening, hawas lan heling.
Miturut andharan ing Sastra Gendhing anggitane Sultan Agung Hanyakrakusuma, heneng tegese kuwawa njaga weninging pikir lan krenteg kanggo nglawan krenteg kang asipat dur angkara. Kawusanane bakal kuwawa ngawekani sakehing godha rencana.
Hening tegese tansah njaga weninging pikiran, aja nganti diregeti lan kacampur jlantah napsu dur angkara. Hawas tegese waspada marang reridhu lan samubarang kang bakal ndadekake cabar tumrap gegayuhan kang kaudi, yakuwi ngudi wahyu, ngudi ngelmu, ngangsu kawruh.
Dene heling tegese eling menawa manungsa kuwi titahing Gusti Kang Maha Kuwasa. Manungsa wajib ngudi lan ngupaya, dene kasil orane gumantung Sing Maha Kuwasa. Jalaran saka kuwi, saben tumindak kudu sinartan donga murih tansah kalinton pituduh lan kanugrahan saka Sing Maha Kuwasa.
Miturut Siswosubroto, pensiunan guru SMPN 1 Cangkringan, Sleman, Yogyakarta, kang uga pamerdi budaya Jawa, wulangan ngudi wahyu kang kerep kababar ing lakon-lakon wayang ngamot wulangan lamun ngudi ngelmu, ngangsu kawruh, kang anjoge ngudi kautamaning urip kuwi kudu anjog ing panembah, yakuwi manembah marang Sing Maha Kuwasa.
”Saben ilmu, saben ngelmu, saben kawruh, kuwi mesthi anjog ing panembah. Hamung cara mulange wae sing beda-beda. Ana ilmu, kawruh sing diwulangake lelandhesan logika, nanging anjoge tetep ing panembah kuwi mau. Ana ilmu sing diwulangake lelandhesan rasa, ngesah rasa, kang anjoge uga mesthi ing panembah,”piterange Siswo, nalika wawangunem kalawan Espos, dina Minggu (6/12). ::pra::Solopos Edisi Kamis, 10 Desember 2009
Title : Laku ngudi wahyu
Description : Tembung laku lan ngudi, gayutane kalawan ngangsu kawruh, yen ing jagad pewayangan luwih lumrah karan ngudi wahyu, ora bisa diwerdeni kanthi...
Rating : 5